Senin, 09 Maret 2009

NGOCEH ISUK ISUK

Tangituru durung sikatan durung ngoyo wis rame karo kucing,goro goro iwak ati kate gawe sarapan digondol alek kucing blorok duwek'e sudiro tonggo mepet.
sandal sepatu disawatno suarane pak gimin tambah banter"duwe ingon ingon gak dike'i mangan tonggone terus sing dirusuhi".motone pak gimin abang cangkeme orah meneng.
Sudiro tambah narik slimute.bantale ditumpuk nang sirahe.mripate ora iso merem. "dhek,ora atek nyapu-nyapu ayo turu ae"bojone digeret mlebu nang slimute.Sudiro karo atik manten ayar
telung ulan mlaku.srengenge wis mentas panase pak gimin dorong modon.gaman karo arit - diungkal nang pojokan jeding.meong meong alek ndusel nang bokonge sudiro."lek-lek nek golek ati yo ojo atine pak Gimin,krungu suarane ngomel atiku rasane phedot.opo meneh ibumu iki.kekisuk orah pedot pedot ghocei bapak.
kulonuwun,pak gimin kulo sudiro.iyo disik.isuk isuk kok wis ganteng,arep nangdi to?surane pak gimin serak adus."badeh dateng kuto pak,pados bantal guling"sudiro mesam mesem.
"yo.yo manten anyar".sirahe pak gimin manthuk manthuk.
sudiro ngelungno bungkusan roti kukus gaweane bojone."namung roti pak".
wis dadi kebiasaane sudiro isuk pak gimin ngomeli kucinge,esok'e ngirimi roti.
nyatane ono wong moreng moreng sudiro gak malah mangkel,malah gegojekan.
"matur nuwun pak"sudiro malah mesam mesem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

komentar disini aja ya,..