Senin, 16 Maret 2009

NGOCEH SORE SORE

Warung kopine mbak Ucik persis nang pojokan prapatan hayam wuruk.kang slamet ambek pak min saben sore nyruput kopi lepekan,sikile jigrang rokok'e ora tau ocol.sak isine ndonyo metu -
bareng kepule rokok."Men,saben wong duwe kumpulan,sing sugeh kompol podo sugih,sing bal-
balan kompol seneng bal-balan lan sing dodolan yo duwe kumpulan podo dodolane.awakmu karo aku sabendhino ngopi bareng kok gak ono sing nggunem yo min ?"ngguyune kang slamet jebol -
gedek warung'e mbak Ucik.
"ngomong kumpulan iku duweke wong mapan kang,wong cilik iku dadi pelengkape wae.lawong -
cilik dikumpulno gawe ngramekno thok terus moleh dikek'i sangu wis cukup.nek butuh maneh -
yo digawe".mripate mbak ucik abang kringete ghobyos.
"kapang yo. wong goblok koyok awakku iki iso sugeh!"pak gimin mulai iso nglamun.
"min min,awakmu karo aku yowis tadire.ndungo ae sing akeh tirakat gawe anak putu.gak enak -awake dewe,mugo mugo enak nang anak putu.kopine kang slamet karo pak gimin wis sat.
"wis min aku tak narik becak,ndungakno lancar yo!"kang slamet mancal becake mlayu ngalor.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

komentar disini aja ya,..